“Anak
Polah Bapak Kepradah”
Ing sawijining dina, ana kaluwarga sing susah
uripe, yaiku pak Narko sing kerjo dadi tukang becak lan Bu Narko ora nyambut
gawe. Kaluwarga iku duweni putra jenenge Painem. Arek’e ora sepira pinter ing
sekolah. Painem iku arek’e meneng.
Painem : ‘’Pak, kula badhe budhal sekolah. Nyuwun
sangune, Pak?’’
P.Narko : ‘’Oalah Nak. Bapak wingi ae ora oleh
dhuwit akeh. Dhuwite entek gawe mangan wingi tok.’’
Painem
: ‘’Pak kula ora nate diparingi
sangu karo bapak. Sewuu ae pak.’’
P.Narko : ‘’ Bapak ora nduwe dhuwit, temenan lho Nak.’’
Painem : ‘’ Yoweslah Pak. Assalamu ‘alaikum. ‘’
(salaman)
P.Narko : ‘’ Wa’alaikum salam.’’
Ing
dalan, Painem mikir yo’opo carane ben de’e nyekel dhuwit akeh. Sak tekane ing
sekolah de’e ndeleng Hapsari nyekel Handphone
apik. Akhire Painem ngerencana’no arep njupuk Handphone ne Hapsari.
Painem : “ Yaopo yo cara’e ben aku iso nyekel
dhuwit akeh.”
Kringg....Kringg....Kringg....
Bel mlebu sekolah muni, Painem ndeleng
Hapsari nyimpen Handphone ne ing tas.
Pas bel istirahat muni, kabeh siswa metu kelas kajaba Painem, mergane de’e
arep’e njupuk Handphone ne Hapsari.
Akhire de’e njupuk Handphone ne
Hapsari ing tas’e Hapsari. Sakmarine istirahat Hapsari ndelok yen Handphone ne ora onok.
Hapsari :
“ He rek onok seng weruh Handphone
ku? ”
Painem : “ Gak ngerti Hap, opo’o ? ”
Hapsari :
“ Handphone ku ilang , hiks hiks. ”
(nangis)
Painem
: “ Salah’e kon nggowo Handphone nang sekolah, Hap”
Hapsari : “ Yowes lah, tak lapor guru BK. ”
Akhire
Hapsari ngelapor neng guru BK yen Handphone
ne ilang. Pas moleh sekolah Painem ngedol
Handphone ne Hapsari. Sesuke ana
kanca kelase Painem lan Hapsari ngomong. De’e curiga yen painem sing njupuk Handphone, soale Painem iku dewe’an ning
kelas. Akhire Guru BK nimbali Painem.
Ing ruang BK.
Painem : “ Assalamualaikum, wonten napo, Pak?
Kula kok ditimbali? ”
Guru
BK : “ Wa’aikumsalam. Painem, opo
kowe sing njupuk Handphone ne
Hapsari? ”
Painem : “ Mboten pak. Kula mboten njupuk Handphone
ne Hapsari.”
Guru BK : “ Gawanen tasmu mrene, Nem ”
Sakwise njupuk tas, Painem teko maneh.
Painem : “ Iki pak tas kula, napa maleh? ’’
Guru BK : “Timbalono Hapsari mrene, Nem. ”
Painem :
“ Inggih pak,’’
Guru
BK lan Hapsari nggledah tas’e painem.
Sakwise nggledah tas’e Painem Guru BK lan
Hapsari ora nemu Handphone ne Hapsari
. Pas teko omah Hapsari nangis amarga ana data-data sing
penting ing njero Handphone ne.
P. Hapsari : “ Opo’o nangis Hap? “
Hapsari : “ Hiks... Hiks... ” (nangis)
P. Hapsari : “ Ono
opo nduk? Kok nangis? ”
Hapsari :
“ Handphoneku ilang Pak.”
P.Hapsari : “ Kok
iso ilang..?? ”
Hapsari :
“ Pas budal isih ono lho, Pak. Tapi pas mari istirahat wes ora ono.”
P.Hapsari :
“Wes ojok nangis terus ae nduk, tak tukokno seng anyar lan lebih apik maneh.”
P.
Hapsari : “ Yawwes, sesuk ae digoleki
maneh. Saiki turu’o.”
Hapsari :
“ Iyo Pak.”
Hapsari :
“ Emoh pak. Aku pengen Handphone
ku balik . Soale akeh data-data sing penting.”
Dina
iki ana pelajaran basa jawa, Hapsari durung nggarap Pr basa jawa amarga de’e
kepikiran Handphone ne sing ilang ,
akhire Hapsari nyeleh bukune Painem.
Hapsari :
“ He, Painem.. aku nyeleh buku basa jawamu? Opo wes mari ”
Painem :
“ Wes mari Hap, nyeleh ta? ”
Hapsari :
“ Oh iyo, suwun ”
Pas
mbuka bukune Painem , Hapsari nemu kertas.
Hapsari :
“ Loh iki kertas opo..?? Iki kan kertas bon?”
Sakwise
ngerjakno Pr basa jawa Hapsari mbalikno buku basa jawa’e ing Painem. Nanging kertas
ing ditemukno ora dibalikno tapi disimpen. Akhir’e de’e nggolek toko sing ana
ing kertas iku. Pas ing kono, ditakokno Handphone
ne wis dituku karo wong liyo. Sesuk’e Hapsari ngomong ing guru BK.
Hapsari :
“ Assalamualaikum.?? ”
Guru BK : “
Waalaikum salam, ana opo Hap..?? ”
Hapsari :
“ Wingi kula nyeleh buku basa jawane Painem. Terus kula nemuake kertas.
Iki pak kertase. ”
Guru
BK :
“ Lho iki kan kertas gawe bon Handphone
? Hapsari bon Handphone iki tak gowo
yo ? Gawe bukti. Yowes maringene tak gawekno undangan gawe bapakmu lan wong
tuwane Painem. ”
Hapsari :
“ Oh nggih pak.”
Guru BK : “
Sek entenono.”
Hapsari :
“ Nggih pak ”
Sakwise 15 menit.
Guru BK : “ Iki surate Hap, terus tolong timbalono Painem.
”
Hapsari :
“ Inggih pak. ”
Ing kelas , Hapsari nimbali Painem.
Hapsari :
“ Painem, kowe ditimbali guru BK ing ruang BK. ”
Painem :
“ Ono opo hap ? ”
Hapsari : “ Aku ora weruh.”
Painem : “ Yowes , Suwun.”
ing Ruang BK
Painem : “ Assalamualaikum, Pak jarene Hapsari
kula ditimbali Bapak?”
Guru BK : “ Wa’aikumsalam. Iki Painem surat gawe
wong tuwo mu. ”
Painem : “ Iki surat opo pak? ”
Guru BK : “ Wes kekno gawe wong tuwo mu ae! ”
Pas teko omah wong tuwone Painem kaget utamane
Bu Narko.
Painem : “Assalamualaikum, Buk ana surat saking
Guru BK.”
Bu Narko : “ Wa’aikumsalam, Painem iki surat opo? “
Pak Narko : “ Iyo Painem nggolek masalah ae kowe iku. ”
Painem : “ Opo’o sih kulo diseneni ae? ”
Bu Narko : “ Kowe iku nyolong Handphone ne koncomu yo . ”
Pak
Narko : “ Mboh kon iku bapak iki masia
keadaan uripe koyok ngene gak nate ngajari kon njupuk barange wong liyo ”
Painem : “ Aku ora tau njupuk barange wong liyo
pak ”
Bu
Narko : “ Wes meneng ae gara gara
ulahmu, Bapak lan Ibu di celuk nang sekolah. Wes gak usah kakehan alasan. ”
Sesuke nang ruang BK bapak’e lan Hapsari wes
teko ndhisiki
P. Hapsari, Hapsari :
“ Assalamualaikum, sugeng enjing, Pak.”
Guru
BK : “ Wa’alaikumsalam. Oh Hapsari
lan Bapak’e nggih. Pinarak rumiyen Pak?”
P.
Hapsari : “ Inggih.”
Guru
BK : “ Dadi ngenten pak wingi Hapsari
cerito ning kulo, yen Painem koncoe Hapsari iku njupuk Handphonene Hapsari lan didol. “
P. Hapsari : “ Inggih, Hapsari wingi sampun cerito. ”
Bu Narko : “ Tok tok tok, Assalamu’alaikum wr.wb. ”
Guru BK, P. Hapsari ,
dan Hapsari : “ Walaikum salam, pinarak rumiyen “
Guru
BK : “Ngeten Pak, Buk. Putrane panjenengan
iku mari njupuk Handphone ne Hapsari lan
didol.”
Bu
Narko : “ Astagfirullah, anak ku. Kula
mboten percaya yen anak kulo kaya ngaten. “
Guru BK : “ Iki Hapsari, Bu sing Handphone ne dijupuk Painem.”
Bu Narko : ” Bener ta Hap? ”
Hapsari : “ Inggih Handphone kulo ilang.”
Guru BK : “ Niki loh Pak buktine bon-bonan’e Handphone.”
Sakwise Guru BK ngomong akhire Painem ngaku
lek njupuk Handphone ne Hapsari.
Painem : “ Inggih pak, pancen kulo sing njupuk Handphone ne Hapsari amarga kulo
sakbendino gak di paringi sangu kaliyan bapak kulo.”
P. Hapsari : “ Oalah yowes ora usah di ijoli Handphone ne orapopo.”
B.
Painem : “ Ojo ngono Pak, ngono-ngono
salahe anakku, anakku iku keluargaku dadi wis dadi tanggung jawabku. Ngene ae Pak,
Handphone iku tak ijoli nanging
ngijoline isok’e nyicil.”
P. Hapsari : “ Wes talah, kulo ikhlas, Pak. Gapopo ora usah
nyicil.”
P. Narko : “ Gapopo Pak tak ijoli wae.”
Guru BK : “ Yaweslah iku sing paling adil.”
Sak
bendino Pak Narko kerja keras gawe ngijoli Handphone
sing di jupuk Painem. Sawijining dina udan deres lan Pak Narko pas narik becak.
Becak’e Pak Narko ketiban wit trembesi sing roboh amarga udan lan kenek angin
Bruakk...
Bruakk...
P. Narko : “ Astaghfirullah..”
B.Narko : “ Ana opo pak?”
P.Narko : “Ya ampun Bu. Becak’e ketiban wit Trembesi.”
B.Narko : ” Terus yo’opo pak. Yo’opo iki pak. yo’opo?”
Painem : “Ana opo iki pak?”
P.Narko : ”Iki iku salahmu kabeh gara-gara kowe
njupuk Handphone koncomu, Bapak dadi
kenek batu’ne.”
Painem : “Sepurane pak. Sepurane. ”
Pancen iki nasib’e kaluwarga Pak Narko. Bener
jare pepatah yen Anak Polah Bapak
Kepradah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar